Surat , layang , serat , nawala

Rabu, 04 Maret 2015

Surat : sarana kangge sesambetan ingkang awujud tinulis.

  • Pranatanipun nyerat surat : 
  1. Dlancanganipun (kertas) kedah resik.
  2. Tinta warni cemeng (ireng).
  3. Seratanipun ingkang cetha lan tumata.
  4. basanipun ingkang genep.
  5. panglempite ingkang prasaja. 

  • Jinisipun surat :
  1. Surat ulem : surat ingkang isinipun atur dhateng tiyang sanes supados rawuh wonten ing papan lan wekdal ingkang sampun katemtokaken amargi ingkang ngaturi nembe kagungan kersa.
  2. surat lelayu : surat ingkang isinipun kabar awit sedanipun satunggaling tiyang.
  3. surat iber : surat ingkang sifatipun pribadi.
  4. surat kitir : surat ingkang ringkes ( isinipun cekak aos ).
  5. surat silaturahmi :surat minangka gantos pisowanipun satunggaling tiyang.
  6. surat dhawuh : surat ingkang isinipun dhawuh dhateng tiyang sanes supados nindakaken menapa ingkang sampun kadhawuhaken.
  7. surat kekancingan : surat ingkang isinipun dhawuh dhateng tiyang sanes supados nindakaken menapa ingkang sampun kaputusaken.


  • perangane surat :
  1. papan saha titi mangsa ; tuladha Bantul 05 Maret 2015.
  2. Adangiyah : perangan surat ingkang isi alamat sarta prenahipun ingkang dipunkintuni surat. Tuladha : Katur wonten ngarsanipun Eyang Sastra Dimejo ing Bantul.
  3. Bebuka : perangan surat ingkang mratelakaken keslametan sarta pamuji mugi-mugi ingkang dipunkintuni surat ugi slamet.
  4.  Isi : perangan surat ingkang mratelakaken wosing rembug.
  5. Panutup : Perangan surat ingkang mratelakaken rembugipun sampun rampung.
  6. Peprenahan : prenahipun ingkang kintun surat kaliyan ingkang dipunkintuni.
  7. Tapak asta / tanda tangan

  • Tuladha / contoh surat iber / pribadi
Bantul, 31 Januari 2016

Kagem Rudi
Ing Sleman

            Assalamu’alaikum Warahmatullahi wabarakatu
Wiyose, kanthi layang iki aku sakanca arep paring kabar ing kene. Aku sakanca ing kene sehat, yen kowe piye kabare ? Muga-muga kowe tasih kaparingan kesehatan lan keslametan.
Langsung intine wae, ing kene aku, Ryan, lan Budi arep nanggonmu, arep silaturahmi lan dolan bareng. Insya Allah tanggal 07 Februari  2016. Oh iya, ana sing lali. Aku uga arep paring kabar menawi pak slamet guru matematika SD Sukamaju wingi tanggal 29 Januari seda.
Tak kira semene wae atur ku, tak enteni balesanmu. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi wabarakatu

Kancamu


Acitia
 
  • tuladha / contoh surat ulem 
Mugi katur Panjenenganipun
Bapak/Ibu/ Mujiono
Wonten ing palenggahan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi wabarakatu
Rinenggo sagunging pakurmatan kanthi hangajab nugrahing Gusti ingkang Maha Agung, mbokbilih wonten dhanganing penggalih saha longgaring wekdal, kula sakeluarga nyuwun kanthi sanget rawuhipun panjenengan mbenjang ing :

Dinten      : Setu Pon
Surya kaping   : 05 Desember 2015
Wanci      : tabuh 20.00
Panggenan       : Griya Kula, kukap RT 03 Poncosari
Wigatosing atur           : walimatul khitan putra kula

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Allah tansah peparing berkah wilujeng ing sediyanipun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi wabarakatu

Atur Taklim Kawula



Bpk Ali Rubiyanto sakeluarga